Sabtu, 30 April 2016

"Sarjana"

Sarjana, sebuah gelar yang amat sangat "keren" saat Orde Baru masih berkuasa. Memang tak berlebihan jika dilihat dari bagaimana proses mendapatkan gelar tersebut. Dimulai dengan mendaftarkan diri pada perguruan tinggi, mengalahkan ratusan bahkan ribuan teman dan saudara dalam UMPTN atau SIPENMARU, lalu harus berhadapan dengan dosen yang berupa-rupa bentuk. Ada yang muda tapi genit, ada pula yang tua tapi killer. Belum cukup sampai disini, seorang pencari gelar sarjana yang sering disebut dengan mahasiswa harus bisa membuat karya fenomenal bernama skripsi. Inilah klimaks dari pencarian gelar sarjana itu sendiri.
Lika-liku proses pencarian gelar sarjana itu sendiri akhirnya sering membuat mahasiswa tahan banting dan semakin dewasa. Mereka menjadi orang-orang hebat yang bisa membawa perubahan bangsa ke arah yang lebih baik. Mulai dari meneliti dan menyelesaikan masalah sosial, memajukan teknologi dan ilmu pengetahuan, serta para sarjana pedagogik yang berusaha memberikan pencerahan dan pembebasan pada setiap anak manusia di negeri ini. Sungguh terlihat amat mulai para mantan-mantan mahasiswa ini.
Cerita tentang kemuliaan mahasiswa dan sarjana memang telah masuk kedalam benak sebagian besar manusia di negeri ini. Paling tidak, di desa-desa--bahkan hingga saat ini--masih banyak masyarakat yang masih menganggap sarjana adalah para mesias yang akan membebaskan mereka dari kemiskinan. Para sarjana ini dianggap telah sukses, memiliki uang banyak, dan minimal memiliki penghasilan diatas rata-rata. Bahkan mungkin saking istimewanya, beberapa orang tua sangat bangga jika anak perempuannya akan dinikahi oleh "Mas Sarjana".
Entah apa yang salah, bayangan tentang sarjana sebagai orang cerdas, maju, dan peduli lama kelamaan berubah menjadi mimpi atau bahkan angan-angan. Mengapa? Ya, karena memang sarjana saat ini bukanlah sesuatu yang istimewa. Tanpa mengurangi rasa hormat dan menyamaratakan semua sarjana, kebanyakan sarjana saat ini hanyalah seonggok sampah negara. Mereka hanyalah penyandang gelar sarjana tanpa kemampuan apa-apa.
Lihat saja di sekitar, berapa banyak sarjana yang tak bisa melakukan apa-apa. Jangankan untuk membawa sebuah perubahan bagi lingkungan. Untuk membawa dirinya ke arah lebih baik saja tidak bisa. Bekerja bagi sarjana hanyalah tentang mencukupi gengsi dan kebutuhan perut semata. Tidak ada dalam benak mereka bagaimana cara membuat negara ini maju. Minimal, memiliki pemikiran yang sama dengan Si Kabul saat teringat teman-teman SDnya dalam Orang-orang Proyek.
Apa yang terjadi saat ini dengan para sarjana memang tidaklah mengherankan. Hal ini jika kaitan dengan berbagai permasalahan di dunia pendidikan. Pertama yaitu menyangkut masalah tenaga pengajar dan pendidik. Nama besar seperti Kuntowijoyo, Koentjaraningrat, Poerbatjaraka, Soemitro Joyohadikusumo, Habibie, Emil Salim, dan Frans Seda hampir tak ada penerusnya. Beberapa kampus negeri malah berisi para dosen karbitan. Mereka menjadi dosen bukan karena kemampuan namun karena keterikatan persaudaraan atau kedekatan emosional. Akhirnya, alih-alih bisa memacu mahasiswanya agar menjadi ilmuwan, para dosen karbitan ini justru membuat mahasiswa malas dan tak memiliki kemampuan. Permasalahan ini tambah lagi dengan jiwa miskin yang dimiliki oleh dosen-dosen karbitan itu sendiri. Demi proyek bernilai ratusan juta, mereka rela hanya masuk 4 kali pertemuan dari yang seharusnya minimal 12 kali pertemuan.
Kondisi ini diperparah lagi dengan adanya sistem akreditasi jurusan, fakultas, dan universitas. Demi mempertahankan agar akreditasinya A, jurusan-jurusan sering melakukan tindakan memalukan. Tindakan itu meliputi mempercepat studi mahasiswa, menginstankan proses pembelajaran, dan mengkatrol nilai. Jadi jangan kaget ketika nantinya pada setiap periode wisuda mahasiswa, gelar wisudawan terbaik akan jatuh ke jurusan dengan akreditasi C. Mengapa demikian? Ya karena jurusan itu akan membuat kuliah menjadi proses belajar murahan. Lupakan kata skripsi sebagai sebuah karya yang fenomenal. Lupakan juga nilai A didapatkan dengan belajar dan diskusi mati-matian. Kalau boleh dikata, kambing saja akan lulus di jurusan seperti ini asal membayar kuliah, tidak melawan dan masuk kelas setiap hari. Masalah skripsi bagaimana? Gampang, bisa membeli di jasa pembuatan skripsi. Pendadaran? Tenang, itu hanya dagelan.
Lalu, apa keabal-abalan sarjana juga hanya kesalahan dosen dan sistem akreditasi. Tentu tidak. Permasalahan utama berada di mahasiswa itu sendiri. Sungguh, buruknya dosen dan sistem akreditasi tidak akan berarti apa-apa jika mahasiswa tidak gagal paham dalam kuliah. Kuliah bukanlah cara untuk mendapat pekerjaan lalu bisa hidup bergelimang harta. Bukan juga untuk dielu-elukan ketika menjadi wisudawan terbaik atau mahasiswa berprestasi dengan IPK 4.00. Kuliah adalah sebagian dari proses belajar dalam hidup. Melalui kuliah seharusnya kita bisa tahu bahwa kebodohan dan korupsi yang terjadi di negeri ini bukan disebabkan karena kita dijajah Belanda. Akan tetapi, kebodohan dan korupsi yang terjadi merupakan akumulasi dari buruknya mental dan lemahnya sistem. Selain itu, minimal, sarjana bisa berbeda pola pikirnya dibanding mereka yang hanya berboncengan 3, suka berkelahi ketika menonton dangdut di desa-desa, dan hanya pasrah dengan keadaannya.

Jumat, 29 April 2016

Ketiban Awu Anget

Telung dina telung wengi matane Dirwan ora bisa merem. Hawane bringsang. Kana-kanane jere matane kaya di cagak karo gantar jati. Wis pokoke ra karuan jere rasane.
Jan-jane kabeh mau ya ana sebabe. Esih kelingan pisan winginane pas esih mangsa tandur kuwe niate ya arep ora nandur pari. Ningen tembung ndilalah malah ketemu karo Sarpin nang angkruk ngarep sekolahan. Rasan-rasan masalah  kebon lor lapangan sing pinggir kali serayu.
“geh… kang Dirwan,, inyong njaluk tulung kira-kira bisa apa ora???” takone Sarpin karo nyruput kopine.
“anu kon ngapa kang?? Nek inyong bisa ya masa ora tek rewangi.” Dirwan le semaur.
“kiye ngesuk dina Rebo Pon, inyong arep tandur pari kae nang kebon lor lapangan.” Sarpin njlentrehna.
“lha apa anu arep di tanduri pari?? Wong anu kebon koh di tanduri pari. Apa ora angel gole nggolet banyu nggo leb-leb.. giwinge ketone mandan dhuwur mbok sebelah lor??” takone Dirwan karo mandan kaget.
“lah ya wis ora bingung kang,, wong siki mbok ana disel sedotan banyu nggone desa.. kae wingi sing tuku karo duit PNPM. Ya wis ora bingung lah masalah banyu. Kae malah galengane wis tek gawe. Wis ana banyune mbarang. Winih ya wis tek tukokna. Wis garik mangkata yandur lah pokoke.” Sarpin gole semaur karo semringah pisan.
“ya wis ngesuk kang tek rewangi” Dirwan nyanggupi.
Sebare ngrewangi tandur nggone Sarpin, Dirwan malah bingung arep nanduri kebon wetan nggone Sarpin karo apa. Niate jane mau-maune arep nandur jagung bae sing kepenak. Sing kira-kira sepisan bae gole matun kena.
Dina Rebo wengi karo leyeh-leyeh nang risban ngarep ngumah, Dirwan mikir pisan. Wis uteke pathing gemluthuk ora genah. Dirwan mikirna kebone arep ditanduri Pari apa Jagung.. arep jagung ketone ra patut pisan wong tanggane pada pari,, arep pari susah gole ngrumat.
Ningen sidane gelem ora gelem wengi kuwe kudu njukut keputusan. Soale dina Jemuah wis kudu tandur. Nek ora tandur mengko kesuen maning gole nunggu gunggung neptu dina sing apik.
“Wis kang ora usah di pikir nemen,, wong rika kepengin nandur jagung ya nandur jagung bae.. ora usah mikir tanggane tandur apa..” Sinem, bojone Dirwan metu karo nggawa wedang kopi.
“lah ya ora patut,, wong liyane pada Pari kon dhewekan arep jagung..” semaure Dirwan.
“ya wis ngonoh bodo-bodoa njenangan arep nandur apa,, nyong wong wadon ya manut bae..” Sinem semaure karo mijeti Dirwan.
Sidane Dirwan mutusna arep nandur pari bae. Daripada ora patut mbedani dhewek ora pada karo tanggane. Masalah sewa sedotan banyu karo dai lewih ringan wong ditanggung bareng. Winih pari ya nek dipikir-pikir ora kacek adoh regane karo jagung.
Kemis esuk Dirwan meng KUD tuku winih pari P21. Ya tukune nang KUD desane soale nang kono lewih murah. Bisa diutang maning. Ya ngerti dheweklah jaman siki nggarap sawah pitung sangga kasile apa. Paribasan nggo sangu urip nganti panen ngarepe be wis maen banget. Apa maning kon bisa tuku winih sing larang.
Dina jemuah esuk Dirwan karo Sinem wis mangkat tandur. Bar subuh langsung pada rikat-rikat nggo mangkat sawah. Sinem nggendong rinjinge. Dirwan nggawa pacul karo arite. Ora keri wong loro mau nggawa tudung karo banyu nggo nginum mbok kepanasen gara-gara  pas srengengene munggah urung rampung.
Sedurunge jemuahan wong loro mau wis rampung tandur. Wong loro mau pada bali meng ngumah banjur pada adus karo leyeh-leyeh. Ni ngen ora dinyana-nyana dina kuwe mendung. Wis peteng ndhedet langite arep udan.
Bar jemuahan sidane banyune tiba sekang langit. Udane deres gemrejeg kaya di senthorna sekang siwur. Di enten-enteni nganti wengi ora mandheg-mandheg. Hawane adem kepenak pisan nggo turu. Ora kejaba Dirwan karo Sinem pada turu angler banget. ya wong sing jenenge wong kesel mesti gole turu ya kepenak pisan.
Esuk-esuk gasik Sarpin ndhodog-ndhodog lawang umahe Dirwan seru pisan.
“Kang Dirwan!! Kang Dirwan!!” Sarpin melung-melung..
“Ana apa jane kang Sarpin,, kadingaren temen wayah wene wis meng umahku?” Dirwan semaur karo mbukak lawang.
“geh kang,, Cilaka pisan kiyelah.. jan cilaka..” Sarpin njawab karo grusa-grusu.
“anu ana apa??” Dirwan bingung
“kae kali serayune mbludag..  kebone dhewek wis dadi rawa.. keleb dhuwur pisan..” Sarpin crita
“Oaaalaaaahhh Biyung…. kepriwe kiyelah… nembe di tanduri malah kebanjiren.. bosok-bosok kae winihku…”’ Dirwan sambat karo lemes.

Bendrong Kulon Ramane Mirun

Mirun kuwe bocah desa sing pinter. Ya arep ora di arani pinter kepriwe, kawit kelas 1 SD nganti STM bae rangking terus. Rapote ora ana sing bijine warna abang. Ireng kabeh lan nang nduwur pitu kabeh. Mulane siki ya ora kaget nek bisa kuliah nang Universitas sing duwe jeneng kondang nang Jogja.
Ora mung semono. Siki bae wektu kuliah kuwe olih beasiswa terus. Wis uripe kuwe kepenak. Ora gawe repot wong tua. Ya ngapurane bae, wong tuane Mirun mlebu golongan wong sing ora patia mampu. Bayarane ramane sing dadi mandor dalan ora bisa lewih nggo ngempani anak papat sing esih cilik. Ya dadi ora ina maning nek sidane mirun kuwe dibangga-banggakna nang keluarga karo tangga teparone.
Pancen gemiyen jamane esih awal-awal kuliah kuwe sing jenenge Mirun kuwe bocahe nglesa banget. Sing jenengane urip nang jogja kuwe mung nggo kuliah karo nggarap tugas. Gaweane saben dina kuwe mung sekolahan karo kos-kosan bae. Ora ana kegiatan liyane. Nek prei ya mesti bali banyumas. Mulane awal kuliah kuwe Mirun bisa olih biji apik pisan. Lewih dhuwur sekang kanca-kancane.
Ningen siki wis ora kaya ganu. Mirun siki dadi jarang bali ngumah. Bijine ya siki mudun. Kedadean kuwe gawe Yati, kanca pereke bingung. Sidane sore-sore pas malem minggu Yati meng kos-kosane Mirun.
“Run, Mirun…??” Yati ngundang karo nuthuk lawang kamare Mirun.
“Ya mlebu bae, ora dekunci..” mirun turuan nang kamare.
“Bocah sore-sore turu bae,, mbok ya dolan apa kepriwe..” yati mbukak lawang karo mlebu.
“lah genah kon ngapa maning,, wong ora ana gawean ya turu bae sing kepenak.” Mirun menyat sekang kasure.
“deneng ora bali kowe?? Mbok prei??” takone yati.
“lah ngapa bali, kesel..” jawabe Mirun karo kucek-kucek mata.
“lagi ana apa jane?? Tek deleng-deleng siki kowe deneng suwe ora bali?? Biasane mbok 2 minggu sepisan bali??” takone yati maning.
“lah genah kesel koh,, kesel bola-bali bae..” jawabe Mirun maning.
“lah ya ngonoh ora gelem cerita, karepmu.. oh iya kiye,, mengko wengi ana tontonan nang rektorat. Ana kenthongan karo lenggeran. Arep ndeleng apa ora??” yati ngejak.
“temenan kuwe?? Ya mayuh ndeleng. Jam pira??’’ Mirun semringah.
“yawis, jam 8 kowe pethuk nyong nang kos-kosan ya?? Siki nyong bali dhisit.” Yati pamitan metu.
“ya mengko enteni bae..” jawabe Mirun karo turuan maning.
Pancen nang njero getihe Mirun kuwe ana getih senine. Dadi ora ina nek Mirun kuwe seneng banget karo sing jenenge kesenian. Utamane nek kesenian sekang daerahe dhewek. Contone kaya Calung banyumasan, Lengger, Ebeg, Kenthongan, Gumbengan karo Begalan. Wong sing cokan kebangeten kuwe nekad bali andon arep ndeleng wayang dalang Gino utawa Kukuh Bayu Aji. pancen nggetih banget kuwe Mirun nek masalah seni.
Jam 8 wengi Mirun wis nang kos-kosane Yati. Ora let suwe Yati metu sekang kos-kosane. Nganggo klambi Jambon kathok jin potlot warna ireng. Wis ayu pisan pokoke. Untung banget kuwe mirun bisa olih Yati. Banjur wong 2 kuwe mau boncengan meng rektorat.
Tekan rektorat lenggere wis labuh. Wis lagi njoget megat-megot ngetutna kendang. Lenggere ayu-ayu, apa maning sing ngendangi buket pisan. Dadi tambah maen bae gole njoget. Tembang-tembang banyumasan dilaras siji-siji. Kawit Ricik-ricik, Gunung sari, Gudril, Waru Doyong, Senggot, nganti Ulu-ulu.
Siki mulai labuh Bendrong Kulon. Lagu bendrong Kulon nandakna nek badute wis arep metu. Ora let suwe badute metu. Njoget pasangan karo lenggere. Ning ana sing aneh karo Mirun pas badute metu. Bocahe dadi meneng bae karo ndingkluk. Kaanan kuwe gawe yati pengin ngerti.
“ana apa deneng dadi meneng bae??” yati takon karo nyekel pundake mirun.
“bali bae yuh lah.. bosen kiye.” Mirun njawab karo ndeleng raine yati.
“ishh,, ana apa deneng njaluk bali?? Biasane mbok betah pisan??”
“lah pokoke bali ayuh” mirun mandan meksa.
“wegahlah,, ngapa.. lagi apik kiye badutan. Ana apa jane?? Crita ngapa?? Crita dhisit nembe nyong gelem bali.” yati karo ngganduli mirun kon njagong maning.
“lah kepriwe ya,,, nyong siki dadi wegah ndeleng  badutan. Gawe kelingan ngumah.”
“kelingan kepriwe??” takone yati maning.
“kelingan ramane karo biyunge pada kerah bae gara-gara ramaku duwe grup lengger. Saben nyong bali mesti weruh wong kerah. Senenb rasane.” Jawabe Mirun karo menyat.
“oh.. kaya kuwe,, ya mayuh bali bae meng kos timbangane dadi pikiran.” Yati njawab karo menyat.
Banjur wong loro mau bali boncengan. Gara-gara kuwe Yati dadi ngerti kenangapa Mirun ora gelem bali ngumah ketemu wong tuane.  Jebule gara-gar ora akur.