Jumat, 29 April 2016

Bendrong Kulon Ramane Mirun

Mirun kuwe bocah desa sing pinter. Ya arep ora di arani pinter kepriwe, kawit kelas 1 SD nganti STM bae rangking terus. Rapote ora ana sing bijine warna abang. Ireng kabeh lan nang nduwur pitu kabeh. Mulane siki ya ora kaget nek bisa kuliah nang Universitas sing duwe jeneng kondang nang Jogja.
Ora mung semono. Siki bae wektu kuliah kuwe olih beasiswa terus. Wis uripe kuwe kepenak. Ora gawe repot wong tua. Ya ngapurane bae, wong tuane Mirun mlebu golongan wong sing ora patia mampu. Bayarane ramane sing dadi mandor dalan ora bisa lewih nggo ngempani anak papat sing esih cilik. Ya dadi ora ina maning nek sidane mirun kuwe dibangga-banggakna nang keluarga karo tangga teparone.
Pancen gemiyen jamane esih awal-awal kuliah kuwe sing jenenge Mirun kuwe bocahe nglesa banget. Sing jenengane urip nang jogja kuwe mung nggo kuliah karo nggarap tugas. Gaweane saben dina kuwe mung sekolahan karo kos-kosan bae. Ora ana kegiatan liyane. Nek prei ya mesti bali banyumas. Mulane awal kuliah kuwe Mirun bisa olih biji apik pisan. Lewih dhuwur sekang kanca-kancane.
Ningen siki wis ora kaya ganu. Mirun siki dadi jarang bali ngumah. Bijine ya siki mudun. Kedadean kuwe gawe Yati, kanca pereke bingung. Sidane sore-sore pas malem minggu Yati meng kos-kosane Mirun.
“Run, Mirun…??” Yati ngundang karo nuthuk lawang kamare Mirun.
“Ya mlebu bae, ora dekunci..” mirun turuan nang kamare.
“Bocah sore-sore turu bae,, mbok ya dolan apa kepriwe..” yati mbukak lawang karo mlebu.
“lah genah kon ngapa maning,, wong ora ana gawean ya turu bae sing kepenak.” Mirun menyat sekang kasure.
“deneng ora bali kowe?? Mbok prei??” takone yati.
“lah ngapa bali, kesel..” jawabe Mirun karo kucek-kucek mata.
“lagi ana apa jane?? Tek deleng-deleng siki kowe deneng suwe ora bali?? Biasane mbok 2 minggu sepisan bali??” takone yati maning.
“lah genah kesel koh,, kesel bola-bali bae..” jawabe Mirun maning.
“lah ya ngonoh ora gelem cerita, karepmu.. oh iya kiye,, mengko wengi ana tontonan nang rektorat. Ana kenthongan karo lenggeran. Arep ndeleng apa ora??” yati ngejak.
“temenan kuwe?? Ya mayuh ndeleng. Jam pira??’’ Mirun semringah.
“yawis, jam 8 kowe pethuk nyong nang kos-kosan ya?? Siki nyong bali dhisit.” Yati pamitan metu.
“ya mengko enteni bae..” jawabe Mirun karo turuan maning.
Pancen nang njero getihe Mirun kuwe ana getih senine. Dadi ora ina nek Mirun kuwe seneng banget karo sing jenenge kesenian. Utamane nek kesenian sekang daerahe dhewek. Contone kaya Calung banyumasan, Lengger, Ebeg, Kenthongan, Gumbengan karo Begalan. Wong sing cokan kebangeten kuwe nekad bali andon arep ndeleng wayang dalang Gino utawa Kukuh Bayu Aji. pancen nggetih banget kuwe Mirun nek masalah seni.
Jam 8 wengi Mirun wis nang kos-kosane Yati. Ora let suwe Yati metu sekang kos-kosane. Nganggo klambi Jambon kathok jin potlot warna ireng. Wis ayu pisan pokoke. Untung banget kuwe mirun bisa olih Yati. Banjur wong 2 kuwe mau boncengan meng rektorat.
Tekan rektorat lenggere wis labuh. Wis lagi njoget megat-megot ngetutna kendang. Lenggere ayu-ayu, apa maning sing ngendangi buket pisan. Dadi tambah maen bae gole njoget. Tembang-tembang banyumasan dilaras siji-siji. Kawit Ricik-ricik, Gunung sari, Gudril, Waru Doyong, Senggot, nganti Ulu-ulu.
Siki mulai labuh Bendrong Kulon. Lagu bendrong Kulon nandakna nek badute wis arep metu. Ora let suwe badute metu. Njoget pasangan karo lenggere. Ning ana sing aneh karo Mirun pas badute metu. Bocahe dadi meneng bae karo ndingkluk. Kaanan kuwe gawe yati pengin ngerti.
“ana apa deneng dadi meneng bae??” yati takon karo nyekel pundake mirun.
“bali bae yuh lah.. bosen kiye.” Mirun njawab karo ndeleng raine yati.
“ishh,, ana apa deneng njaluk bali?? Biasane mbok betah pisan??”
“lah pokoke bali ayuh” mirun mandan meksa.
“wegahlah,, ngapa.. lagi apik kiye badutan. Ana apa jane?? Crita ngapa?? Crita dhisit nembe nyong gelem bali.” yati karo ngganduli mirun kon njagong maning.
“lah kepriwe ya,,, nyong siki dadi wegah ndeleng  badutan. Gawe kelingan ngumah.”
“kelingan kepriwe??” takone yati maning.
“kelingan ramane karo biyunge pada kerah bae gara-gara ramaku duwe grup lengger. Saben nyong bali mesti weruh wong kerah. Senenb rasane.” Jawabe Mirun karo menyat.
“oh.. kaya kuwe,, ya mayuh bali bae meng kos timbangane dadi pikiran.” Yati njawab karo menyat.
Banjur wong loro mau bali boncengan. Gara-gara kuwe Yati dadi ngerti kenangapa Mirun ora gelem bali ngumah ketemu wong tuane.  Jebule gara-gar ora akur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar